Assalamu’alaikum Wr. Wb.
Ingkang
kinurmatan Bapak Kepala Sekolah SMA 1 Kajen,
Ingkang
kula kurmati Bapak/Ibu Guru saha staf Karyawan SMA 1 Kajen,
Lan
ingkang kula tresnani kanca-kanca sedaya siswa-siswi
SMA 1 Kajen.
Langkung
rumiyin sumangga kula lan panjenengan sedaya ngunjukaken puji syukur dhumateng
ngersanipun Gusti Allah SWT ingkang sampun maringi rahmat lan hidayahipun
dhateng kita sedaya, saengga kita saged pinanggih wonten ing papan menika
kanthi bagya mulya. Mboten kesupen sholawat sarta
salam kita mugi-mugi tansah kita aturaken dhumateng Nabi Agung Muhammad SAW,
lan mugi-mugi kita saged dados tiyang ingkang angsal syafa’at saking Nabi
wonten ing yaumul kiyamah.
Salajengipun,
kula badhe ngaturaken sugeng rawuh lan agenging panuwun dhateng rawuh sedaya,
ingkang sampun ngluangaken wekdalipun kangge ngrawuhi adicara pengetan ambal
warsa SMA 1 Kajeningkang kaping-31 woten ing enjang menika. Ugi kula ngaturaken panuwun dhumateng sedaya panitya lan tiyang ingkang asung sabiyantu ngantos adicara
menika saged lumampah.
Para Bapak, Ibu, sarta
kanca-kanca ingkang satuhu bagya mulya. Perlu kita mangetosi bilih wiwit dinten Sabtu, 8 Agustus
1986 sekolah menika sampun manggen wonten ing ngriki.
Ingkang dipunsahaken dening bapak Bupati Pekalongan ing warsa menika inggih menika bapak Drs.
Karsono ingkang salajengipun dipuntulis wonten ing watu marmer, ingkang dados
bukti sejarah wontenipun SMA Negeri 1 Kajen.
Dene wosing gati wigatosing
perlu, panjenengan kasuwun rawuh ing pahargyan menika saperlu mengeti dinten
ingkang mirunggan menika. Mugi-mugi pahargyan menika saged dados pecuting
lampah kita ing dinten-dinten semangke, kayata visi SMA kita inggih menika
“Unggul Dalam Prestasi, Luhur Dalam Budi Pekerti”.
Menggah wedharan
sajangkepipun mungguhing pengetan ambal warsa SMA 1 Kajen dalah lomba-lomba
antar kelas, kayata lomba kebersihan, tumpeng, geguritan, tanggap wacana, lan
sakpanunggalipun. Wiwit saking menika, sumangga kita ningkataken semangat
pasinaon kita wonten ing SMA 1 Kajen, supados tambahing umur ugi dipunimbangi
kaliyan tambahing prestasi SMA kita ingkang luwih maju saking taun-taun
kapungkur.
Ing wasana, sugeng amriksani
ngantos paripunaning adicara. Cekap semanten atur kula, mbokbilih lampahing adicara menika kirang mranani
panggalih panjenengan, panitya nyuwun pangapunten. Dene kula piyambak nyuwun agunging pangapunten menggah solah bawa dalah panataning basa ingkang tebih saking tata krama tuwin
paramasastra. Matur nuwun.
Wassalamu’alaikum
Wr. Wb.
M. Fahmi Wasik