Selasa, 15 November 2011

Pidato Jawa ambal warsa


Assalamu’alaikum Wr. Wb.
Ingkang kinurmatan Bapak Kepala Sekolah SMA 1 Kajen,
Ingkang kula kurmati Bapak/Ibu Guru saha staf Karyawan SMA 1 Kajen,
Lan ingkang kula tresnani kanca-kanca sedaya siswa-siswi SMA 1 Kajen.
Langkung rumiyin sumangga kula lan panjenengan sedaya ngunjukaken puji syukur dhumateng ngersanipun Gusti Allah SWT ingkang sampun maringi rahmat lan hidayahipun dhateng kita sedaya, saengga kita saged pinanggih wonten ing papan menika kanthi bagya mulya. Mboten kesupen sholawat sarta salam kita mugi-mugi tansah kita aturaken dhumateng Nabi Agung Muhammad SAW, lan mugi-mugi kita saged dados tiyang ingkang angsal syafa’at saking Nabi wonten ing yaumul kiyamah.
Salajengipun, kula badhe ngaturaken sugeng rawuh lan agenging panuwun dhateng rawuh sedaya, ingkang sampun ngluangaken wekdalipun kangge ngrawuhi adicara pengetan ambal warsa SMA 1 Kajeningkang kaping-31 woten ing enjang menika. Ugi kula ngaturaken panuwun dhumateng sedaya panitya lan tiyang  ingkang asung sabiyantu ngantos adicara menika saged lumampah.
Para Bapak, Ibu, sarta kanca-kanca ingkang satuhu bagya mulya. Perlu kita mangetosi bilih wiwit dinten Sabtu, 8 Agustus 1986 sekolah menika sampun manggen wonten ing ngriki. Ingkang dipunsahaken dening bapak Bupati Pekalongan  ing warsa menika inggih menika bapak Drs. Karsono ingkang salajengipun dipuntulis wonten ing watu marmer, ingkang dados bukti sejarah wontenipun SMA Negeri 1 Kajen.
Dene wosing gati wigatosing perlu, panjenengan kasuwun rawuh ing pahargyan menika saperlu mengeti dinten ingkang mirunggan menika. Mugi-mugi pahargyan menika saged dados pecuting lampah kita ing dinten-dinten semangke, kayata visi SMA kita inggih menika “Unggul Dalam Prestasi, Luhur Dalam Budi Pekerti”.
Menggah wedharan sajangkepipun mungguhing pengetan ambal warsa SMA 1 Kajen dalah lomba-lomba antar kelas, kayata lomba kebersihan, tumpeng, geguritan, tanggap wacana, lan sakpanunggalipun. Wiwit saking menika, sumangga kita ningkataken semangat pasinaon kita wonten ing SMA 1 Kajen, supados tambahing umur ugi dipunimbangi kaliyan tambahing prestasi SMA kita ingkang luwih maju saking taun-taun kapungkur.
Ing wasana, sugeng amriksani ngantos paripunaning adicara. Cekap semanten atur kula, mbokbilih lampahing adicara menika kirang mranani panggalih panjenengan, panitya nyuwun pangapunten. Dene kula piyambak nyuwun agunging pangapunten menggah solah bawa dalah panataning basa ingkang tebih saking tata krama tuwin paramasastra. Matur nuwun.
Wassalamu’alaikum Wr. Wb.

M. Fahmi Wasik

3 komentar: